Ngasal, ndableg, wagu, ra mutu!

Nulis asal sempat dan asal ingat

Archive for the ‘bhi’ tag

Goes to muktamar 2!  

Para rawuh ingkang kawula mulyaken,

Sakmenika muktamar mbunderan hi sampun mlebu taun ingkang ke 2. Temanipun ingkang taun niki inggih menika “Muktamar blogger, blogging for wit-wit’an“. Ingkang di dapuk dados ketua (tampang rai lan umur paling tua) inggih menika Raden Mas Ndoro Gusti Hadikusbrutu, ugi saged di udang nami alit, gus pitek. Miturut para dewan Syuro BHI, korlap (koordinator nge-lap) acara niki, Lelananging jagadin sastra jawi kuno asuning ndunyo pandamel serat kalangwan utek londo rai jowo, Raden Mr Zen rahmat sugito.

Muktamar menika ditamtokaken kaliyan dewan syuro bhi dateng pelateran buk plaza indonesia. Acaranipun inggih menika ;

  • Pembukaan kaliyan pak koorlap Raden Mr Zen rahmat sugito
  • Pembacaan pidato kaliyan pak ketua Ndoro Gusti Hadikusbrutu
  • Seksi dungo berjamaah ingkang di pimpin langsung kaliyan sedulur tunggal sak tunggal-tunggal’e kyai langitan ; Gus ipul
  • Makan minum lan tausyiah kalian ki endik palipur lara
  • Dibikak pembacaan tentang kegiatan Wedhus for bangsari lan gerakan seribu buku kaliyan gus ipul
  • Penutupan sak nutup-nutup’e nganthi enjang kaliyan para rawuh ingkang kawula mulyaken.

Muktamar menika mboten dipundhut artha, dadosipun gratis, tis, tis. Para sanak ingkang badhe tumut sumonggo kempal langsung dhateng pelateran buk plaza indonesia jam bebas, penting mbengi, dinten jumat malem sebtu kliwon. Nggih itung-itung ngumpulaken balung ingkang pejah.

Nggih, kurang luwih nggih mekaten rumiyin pawartos saking kulo, kesel su nulis runut gae boso kromo ki. asu tenan.

nb:

saking seksi donatur, rencanipun ndoro bos juragan hek ingkang sukses kaliyan warung sate jamu iwak segawon ; ndoro bagus iqbalicuk, bakal turut menyumbang sak drijen ciu bekonang ingkang sampun terkenal kasiyat lan mudaratipun.

The article has

11 responses

Written by yudhi

September 18th, 2008 at 8:11 am

Posted in ontran-ontran

Tagged with , ,